Senin, 27 Juni 2011

Sing tabah yo . . .

Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara 10 taun
perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku mlebu nang
omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone, arek loro iku
kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.

Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi ambek
bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune bojone.
Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang jedhing.
Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki bojone.
“Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang puluh
taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti.
Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku. Umpomo
wong iku njaluk main yo wis tak relakno.
Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake dhewe isok
selamet. Sing tabah yo dhik,” jare Muntiyadi wanti-wanti nang bojone.
Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
“Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok ngono.
Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau ndhelok wong wedhok.
Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong iku mau
asline bisik-bisik nang aku”
“Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok Muntiyadi
penasaran.
“Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus wong iku takok
aku nang endhi nyimpen Handbody. Sing tabah yo Cak. . .”
Lawang Wesi
Wak So lagek pertama kali iki nglencer nang TP ambek anak bojone.
Jenenge wong ndesit, Wak So ambek anak bojone gumun ndhelok sem-
barang kalir sing onok nang TP.
Tapi Wak So sak keluarga iku paling gumun ambek lawang wesi krum-
kruman sing isok buka tutup dhewe, opo maneh isok muning mak tiing !. . .
“Bes, opo iku jenenge . . .” takok Togog anake Wak So pas ndhelok
lawang wesi iku.
“Aku yo gak weruh pisan nak . . .sak umur-umur lagek pisan iki onok
lawang wesi koyok ngene.” jare Wak So.
Akhire Wak So sak keluarga ndoprok nang ngarepe lawang wesi iku
ngematno ambek ndomblong.
Moro-moro onok wong wedhok tuwek sak pantaran bojone Wak So
mencet tombol lawang wesi iku mau.
Mari ngono lawang wesine mbukak, terus wong wedhok tuwek iku mau
mlebu nang ruangan cilik, terus pintune nutup maneh.
Mari muni ting ! . . ., terus onok ongko siji murup, loro, telu sampek
papat mendeg.
Gak sui ongko papat murup maneh, terus telu, loro sampek siji mandeg.
Pas lawang wesine mbukak maneh, Wak So ambek anake kuaget tibake
sing metu iku arek wedhok ABG ayu semlohe.
Wak So bingung ambek kemlecer ngematno arek wedhok iku.
Mari mikir dhiluk, Wak So mbengok nang anake, “Le !. . Ndhang
cepetan Makmu lebokno kono . .”

sumber: http://yasinahnaf.wordpress.com/2010/02/04/humor-surabaya-3/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar