Senin, 27 Juni 2011

Nyegat bis

Romlah antri nyegat bis kota katene budhal kerjo.
Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini.
Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek
sikile Romlah gak isok mancik munggah bis.

Romlah ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar.
Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Romlah
tetep gak isok mancik munggah bis.
Romlah nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar.
Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.
Romlah nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok.
Kondekture wis gak sabar bengok-bengok.
Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi,
nyurung Romlah munggah bis.
Romlah mendelik nguamuk nang wong lanang iku,”Semprul !!! Gak
sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku
!!”.
Wong lanange nyauri,”Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal
athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu.”
Kebon Semongko
Bunali pusing soale ben isuk ndhik kebon semongkone onok tembelek.
Sakjane Bunali weruh lek sing ndhodhok nang kebone ben isuk iku
Wonokairun cumak gak wani nyeneni.
Akhire Bunali masang pengumuman sing tulisane ngene “Ini kebunku,
bukan WCmu !!!”.
Dhadhak tulisane onok sing ngganti ngene “Ini pupukku, untuk ke-
bunmu!!!”


sumber: http://yasinahnaf.wordpress.com/2010/02/04/humor-surabaya-3/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar