Wonokairun mlaku mlaku nang TP ijenan katene mejeng, dandane mbois
gak gelem kalah ambek ABG. Pas katene mulih dhadhak dirampok nang
parkiran.
Kuabeh amblas, bronpit disikat, dompet amblas, klambi diplorot kari
kampesan thok.
Wonokairun ngguondhok pol, toleh-toleh mbrebes mili nang tengah em-
bong.
Wonokairun nyobak nyegat taksi, ambek njelasno lek mari dirampok.
Wonokairun janji mbayar taksine nang omah.
Tibake supir taksine iku gak percoyo, sombong poll, gak gelem nolong
blas malah ngilokno.
“Asline wong mbambung ae athik aksi ethok-ethok dirampok ! “jare
supir taksine nang ngarepe wong akeh.
Wonokairun loro atine di isin-isin koyok ngono.
Wonokairun akhire terpaksa mlaku mulih nang Sepanjang buntelan ko-
ran.
Cumak yo ngono, Wonokairun dendam pol nang supir taksi iku mau,
pokoke ditengeri wonge lemu ireng kopiahan.
Aku kudhu isok mbales ngisin-ngisin wong elek iki, pikire Wonokairun.
Minggu ngarepe, Wonokairun dulin nang TP ijenan maneh. Mari wis
tuwuk dulin, akhire Wonokairun mulih.
Pas metu TP, akeh taksi sing antri golek penumpang.
Wonokairun sengojo golek supir taksi sing minggu wingi nglarakno ati,
katene balas dendam.
Diurut mulai sing paling ngarep, Wonokairun nakoni supir taksine sithok-
sithok.
“Cak, nang Sepanjang piro” takok Wonokairun.
“Biasa mbah, borongan ae seket ewu” jare supir taksine.
“Mari ngeterno, tak sodomi yo, ojok khawatir ongkose tak tambahi ?”
takok Wonokairun maneh.
“Wok nggilani !!!, Koen kiro aku iki homo tah mbah. Masio elek, aku
iki wong lanang normal mbah, goleko sing liyane ae !” jare supir taksi iku
ambek misuh-misuh tersinggung.
Kuabeh supir taksi sing dijak kencan jawabe podho kabeh ambek misuh-
misuh gak karuan, tapi Wonokairun cuek ae.
Sampek taksi sing paling mburi, akhire Wonokairun ketemu supir taksi
lemu ireng kopiahan sing digoleki.
Koyoke supir taksine iku wis lali ambek Wonokairun.
“Cak, nang Sepanjang piro?” Wonokairun aksi takok.
“Biasa ae mbah, seket ewu. ” jare supir taksine.
“Yo wis, ayok ndhang budhal.”Wonokairun langsung numpak terus bud-
hal, Wonokairun sempet ngelirik kartu pengenale tibake jenenge Markun.
Mergo paling mburi, terpaksa supir taksine iku bengok-bengok ngongkon
konco-koncone sing nang ngarep minggir sithik cik isok lewat.
Bareng wis mlaku, Wonokairun dadah-dadah nang supir-supir taksi iku,
mesam-mesem ambek ngomong “Eenaaak teennaann . . .”
Konco-konco supir taksi sing ndhelok Markun malih bingung kuabeh
gilo kudhu mukok . . .
sumber: http://yasinahnaf.wordpress.com/2010/02/04/humor-surabaya-3/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar